24 November 2007

Nelongso

aku kelingan
naliko banyu udan netes saktengahing jadad iki
tak sawang blarak ngawe-awe ijo royo-royo
keto'e bungah, sumringah esem ngguyune
sawetoro koyo mandeng nyeluk aku,koyo njaluk tulung

aku meneng karo mandeng wit klopo kui
ono opo...??
tratapan atiku
tak cedhaki wit klopo kui

lho.....
kambile entek dipangan opo..??
jebul dipangan kwawung
atiku miris rasane, ora tego nyawang
ono wit klopo..mudo..katon seger..
tapi...
kok kari blarak tanpo klopo
E.R, November 2007
kagem diajeng lan kangmas

No comments:

Post a Comment